A. Tembang Pocung
Tembang pocung kalebu
jinising tembang macapat. Tembang macapat pocung saben sa pada (sebait) ana
patang (empat) gatra (baris).
Gatra kapisan = guru
wilangan ana 12, guru lagune “u” dadine 12u
Gatra kapindo = guru
wilangan ana 6, guru lagune “a” dadine 6a
Gatra katelu = guru
wilangan ana 8, guru lagune “i” dadine 8i
Gatra kapapat = guru
wilangan ana 12, guru lagune “a” dadine 12a
Dadi, gatrane tembang
pocung yaiku 12u, 6a, 8i, 12a.
Tembang pocung ing
buku paket kaca 81 nyritakake “Jun”. Jun yaiku wadhah banyu kanggo ngangsu
kang digawe saka lemah. Biasane wong wadon yen nggawa jun kanthi diindhit ing
bangkekan sisih kiwa. Yen wis teko ngomah, banyu disuntak ana ing genthong.
B. Numpak Sepur Kuna
Sepur Kuna iku ana
ing Museum Kereta Api ing Ambarawa.
Sepur kuna durung mlaku yen penumpang ing gerbong durung kebak. Sepur kuna ana rong
(2) gerbong. Tarifipun 10.000
(sedasa ewu) rupiah kanggo wong siji. Tujuan mlakune sepur kuna menyang stasiun Bedana nglewati tengah rawa
pening kang banyune ngilak-ilak. Ing
sisih kiwa ketok gunung merbabu biru
njenggeleg. Sawise teka statiun bedana banjur sepur bali mundur lewat rawa
lan sawah kang ketok iji royo-royo.
C. Aksara Jawa
Aksara jawa kang
durung diwenehi sandhangan iku diarani aksara
jawa Nglegena. Aksara jawa nglegena cacahe ana 20 yaiku ha, na, ca, ra, ka,
da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga (Isa ditonton
ing Buku Paket kaca 85).
D. Asal Mulane Kutha Gunung Pati
Nalika Perang Tuban lan Pati,akeh warga pati
kang padha mlayu nylametake awake dhewe. Salah sijine yaiku prajurit saka Pati kang arane Kyai Pati lungo menyang dhaerah kulon
ing dhaerah Semarang. Banjur leren
ing salah sawijine pegunungan. Nganti Kyai Pati njenengake dhaerah iku Gunung Pati yaiku saka tembung Gunung kang tegese (artine) alas, lan Pati kang dijupuk saka jenenge Kyai Pati. Nganti saiki daerah iku
isih ana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar